CINTA YANG TAK JADI
DIKEJAR
Dening : Sifa Hidayatul
M
Sawijining wektu ana bocah 2 arane Leni karo Nisa. Bocah 2
kuwe kancanan nang sekolah lan nang umah uga biasane nek dolan bocah 2 kuwe
bareng. Umahe Leni karo Nisa kuwe esih sedesa dadi umahe ora let adoh.
Sa’wise padha lulus sekolah ana kancane Leni karo Nisa, arane
Yuda karo Budi. Bocah 2 kuwe uga maune bareng sekolahe karo Leni lan Nisa. Lha
pas wis lulus sekolah kuwe mesti padha nduwe nomer hpne kanca-kancane, nggo
pranti sms an ben ora kelalen karo kanca sing ndisit. Pas wis lulus kuwe Yuda
kayane nduwe rasa seneng marin Leni. Lha nek Budi kuwe si wis sering sms an
karo Nisa kit pas urung lulus / pas esih sekolah. Mbarang wis lulus sekolah,
kayane Budi uga seneng maring Nisa.
Lha Yuda pengin nyampaina perasaane
maring Leni, tapi ora
wani nyampaina langsung maring Leni dadi lewat Nisa sing biasane bareng karo
Leni. Yuda takon-takon tentang Leni maring Nisa, tapi ora langsung ngomong sing
arep ditakonna dadine basa-basi ndisit.
“Assalamu’alaikum ..”
“Wa’alaikumsalam ..” jawabe aku, trus aku
mbatin kiye Yuda arep ngapa tumben sms aku .
“Lagi ngapa Nis ..?”
“Ora lagi ngapa-ngapa”
“Oohh, mbok lagi ngapa ?”
“Ana apa si Yud ..?” aku dadi mandan
bingung.
“Ora ana apa-apa” Yuda grogi rep
takon tentang Leni maring Nisa.
“eeh wong tumben sms aku”
“Hehee ,aku olih takon ora”
“takon apa ..?”
“Hmm Nis, Leni cara kowe bocahe
kepiwe”
“Leni bocahe ya kepenakan”
“Ooh, lha Leni wis nduwe pacar urung
ya ??”
“Oo nek masalah kuwe tah aku ora
ngerti. Ya gari takon dewek bae”
“Hemm iya jajal kowe takon na maring
Leni tentang aku, Leni nggene njawab kepriwe ya..?”
“iya ..”
Lha nang sawijining dina Budi sing
sering sms an karo nelpon ming Nisa, akhire nyampaina perasaane nek Budi kuwe
seneng maring Nisa lan pengin dadi pacare, tapi Nisa ora nduwe rasa seneng
maring Budi, tapi Nisa anu seneng maring Budi kuwe anu dadi sahabate. Dadine
Nisa ngomong bae nek Nisa karo Budi kuwe wis kancanan kit esih cilik dadi Nisa
kuwe nganggap Budi dadi sahabate.
Lha kit pas Budi nyampaina perasaane
maring Nisa, saiki Budi karo Nisa malah dadi jarang sms an karo nelpon. Saiki
malah Nisa sms ane sering karo Yuda ngomongna tentang Leni. Yuda takon maring
Nisa maning
“Nis ,Leni ngomong kepriwe ?pas kowe
takon tentang aku maring Leni”
“emm Yud, pas aku takon tentang kowe
maring Leni mesti Leni kuwe meneng bae ora ngomong apa-apa, malah ngalihna
pembicaraan”
“Oohh iya.. jajal ngesuk-ngesuke
maning takon mbok wis gelem njawab”
“Oo iya ”
Nang sawijining dina pas Nisa lagi
bareng karo Leni, Nisa maca sms karo ngguyu-ngguyu dewek. Lha Leni sing lagi
bareng karo Nisa ndelengna Nisa sing ngguyu-ngguyu dewek anu maca sms, dadine
bingung lan penasaran pengin ngerti anu sms kang sapa. Terus Leni ngomong ming
Nisa “anu sms kang sapa jane Nis..?”
“Hemm kang sapa jajal ?”
“aku ya ora ngerti lah, mulane aku
takon si”
“hehee iya leh. Anu kang pacare koh”
“apa kowe wis nduwe pacar si ??
hehee”Nisa karo ngledek
“emm wis ,hehee”aku karo isin
“Ooo iya”
“Lha kowe wis nduwe pacar urung ??”
“hehe ngapa si ?”Nisa karo isin-isin
kaya kae
“iya anu takon, miki be kowe wis ngerti
aku wis nduwe pacar apa urung lah “aku karo anu pengin ngerti sebenere Leni wis
nduwe pacar apa urung
“hemm iya leh, aku iya wis duwe”
Pas Nisa wis ngerti nek Leni kuwe wis
nduwe pacar, dadine wis ora takon-takon maning tentang Yuda. Trus pas Yuda
takon maning ming Nisa “Nis kepriwe Leni wis gelem njawab apa ora”
“Yuda, jebule kuwe Leni anu wis duwe
pacar. Pantes bae wingi-wingi pas ditakoni tentang kowe meneng bae ora gelem
njawab apa-apa”
“Oo.. iya wis lah ora papa”Yuda karo
mandan gelisah atine
Yuda wis meneng bae ora takon-takon
maning maring Nisa, merga wis ngerti nek Leni wis duwe pacar. Lan wis ora ana
harapan maning nek pengin dadi pacare Leni.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Terima kasih atas komentar anda