CINTA YANG TAK JADI
DIKEJAR
Dening : Sifa Hidayatul
M
Sawijining wektu ana bocah 2 arane Leni karo Nisa. Bocah 2
kuwe kancanan nang sekolah lan nang umah uga biasane nek dolan bocah 2 kuwe
bareng. Umahe Leni karo Nisa kuwe esih sedesa dadi umahe ora let adoh.
Sa’wise padha lulus sekolah ana kancane Leni karo Nisa, arane
Yuda karo Budi. Bocah 2 kuwe uga maune bareng sekolahe karo Leni lan Nisa. Lha
pas wis lulus sekolah kuwe mesti padha nduwe nomer hpne kanca-kancane, nggo
pranti sms an ben ora kelalen karo kanca sing ndisit. Pas wis lulus kuwe Yuda
kayane nduwe rasa seneng marin Leni. Lha nek Budi kuwe si wis sering sms an
karo Nisa kit pas urung lulus / pas esih sekolah. Mbarang wis lulus sekolah,
kayane Budi uga seneng maring Nisa.
Lha Yuda pengin nyampaina perasaane